Minggu, 14 Februari 2010

TEMBANG BUMI MANTINGAN


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


Bumi mantingan tansah dadi tetembangan

jarene montang-manting anggone golek pangan

golek kamulyan ing panguripan

Bumi mantingan ana ing ngendi-ngendi papan panggonan

tansah ana crita lan tetembangan

saka ngendi crita dumadi ora ana sing ngerti

anane mung rebut bener lan kuwasa


Jepara kutha kabupatene, Kalinyamat ratu kawentare

Mantingan bumi kelairan bumi titisan

ing kene putri titisane sang Ratu lair

nantang adat kanggo ajuning para wanita

ora nganggo atosing balung uleting kulit

nanging amung manganggo pena kang tinulis

mbabar layang-layang pangarepan kermajuan

ilanging pepetheng mletheking pepadhang


Rembang kutha dadipatene, Dyah Ayu Indu tetunggule

nadyan ayu sulistya ing warna tanpa pepindhan

tansah rumaket mring abdi lan kawula

mulang wuruk maneka cara kanggo putra putri

tansah mikirake kemajuane kaum bangsane

Mantingan bumi pekuburan bumine wong bali

ing kene sang Raden Ayu tinimbalan sinarekake

ngadhep asmane Gusti Kang Akarya Jagad

ninggal pepadhange donya merga seda kunduran

nisan lan makam dadi jujugan penziarahan

nalikane mengeti dina kelairan

Bumi mantingan ntansah dadi pocapan


Ing Ngawi dalan gedhe mlebu kuitha

mbiyen alas gung liwang-liwung

binabat dadi desa Mantingan kang sangsaya rame

padha kaya mantingan liyane, ing Rembang lan Jepara

Bumi Mantingan bumi kelairan

Eyang Sekodan paring piweling mring putu wayah

gonjang-ganjing bumi mantingan bubrah desa anjrah


Nalikane mlaku tekan Juwana ngidul tekan Jakenan

Mantingantengah arane desa kelairan desa warisan

ing kana leluhure desa-desa mau madeg

lair lan karanta-ranmta golek srana

kanggo ngilangake pageblug jaman samana

Eyang Zakaria tindak mengetan tekan Jaken

banjur madeg desa babat alas sakidule Kolutan

Mantingan wetan ujare para sesepuhe

Durung rampung srana durung ketemu

mlaku ngetan tekan Ngawi, bali mungah kaji

adeg desa ing laladan Rembang

banjur lunga liwat Jepara budhal menyang Mekah


Bumi Mantingan bumi kinasih bumi kelairan

ing ngendi ana aku ing kana ana desa

mbok menawa ngono ujare sesepuh jaman biyen

kanggo pangeling-eling Ki Ageng Mantingan

Bumi Mantingan tansah dadi tetembangan

dudu Rembang dudu Jepara uga ora Ngawi

ing kene aku madeg saka desa kelairan

manggon ing tengah-tengahing desa mantingan

ing kene aku lair ing kene aku sinau

mantingan tengah iku desa tetembanganku

bumi mantingan muga tansah dadi tembang katresnan.


Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar