Minggu, 14 Februari 2010
GURIT CEKAK KANGGO DHIAJENG
dening Rusdi Ngarpan Suryapati
daktulis geguritan cekak kanggo sliramu, Dhiajeng
pangeling-eling lelakonkawuri
tansah cumanthel ing ati iki
nora bisa ilang nadyan kasempyok angin segara
ora bisa musna nadyan kagempur ombak segara
kagawa banjir bandang uga ora bisa ilang
daktulis geguritan cekak kanggo wong ayu
tanda katresnan kang nate denalami
bebarengan ngenam endahing panguripan
nganyam klasa gumelar atur pambagya
urip sesarengan mecaki alam bebrayan
daktulis geguritan cekak kanggo sira, Dhiajeng
kanggo pepeling lelakon kang wus dumadi
urip reruntungan nadyan ora oleh pangestu
urip kumpul nduwe putra nadyan ora ana talining agama
anane mung asmara njiret lakune bagaskara
mecaki dina rina lan wengi
tansah ngrerujit ati
lara lapa tanpa bapa
daktulis geguritan cekak kanggo sira, Dhiajeng
kango pepisahing urip kasangsara
dalan kang kita lakoni dudu dalaning panguripan mulya
anane mung nelangsa lan neraka
tanpa ana surga lan kencana
daktulis geguritan cekak kanggomu, Dhiajeng
muga bisa dadi dalaning kamulyanira
bebarengan karo sisihanmu mecaki alan donya
dudu dalan nista kebak kasangsaran
mantingantengah-jakenan-pati, 25januari 2010
penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar