Minggu, 14 Februari 2010
HANACARAKA
dening Rusdi Ngarpan Suryapati
Hanacaraka,
Ana wong ora preduli mring kahanan uripe
senenge wong golek-golek rekadaya
gawe wirange lan rekasaning liyan
ora preduli kuwi tangga apa kadang
kabeh keblithuk kudu melu tandang
yen ora enggal-enggala kendhang
Hanacaraka,
Nadyan uripe wis mubra-mubru
ora kurang dhuwit sandang lan pangan
isih awe golek kang ora kalal
tumrap agama lan panguripan
malah drajat pangkat lan semat
bisa diregem kanthi dhuwit akehe ora mekakat
lha dalah uripe wong cilik saya kesrakat
Hanacaraka,
Cacat ora masalah
sing penting wani pratingkah
ngalor-ngidul adol umuk adol swara karo kojah
jare bisa ngono-ngene
modhale mung udhu lambe
jare eyang kuwi blanthik gaweyane
Hanacaraka,
Rakyat denumbar mangan apa ora
dudu urusane sing penting bisa numpuk bandha
donya saakehe kanggo pitung turunan
ra preduli mring liyan saya kesrakat
mumpung kuwasa kabeh disikat
Hanacaraka,
Katrem ing pangimpen urip mulya samubarang ana
ora preduli mring agama kabeh wis sirna
saka ati saiki wis saya drengki
saka lathi saiki wis tambah kemlinthi
adigang adigung lan adiguna
sapa sira sapa ingsun
Hanacaraka,
Ana utusan saka Allah mring umate
supaya melu ngrungkepi ajaran saka Gusti
manembah ing ngarsane Sang Maha Wikan
kareben oleh rahmat lan pitulungan
urip slamet mulya donya lan akherat
oleh swarga dudu neraka kang panas keliwat
Hanacaraka
Ana utusan nggawa bebener saka Allah
nanging ora direwes babar blas
tan ana kang maelu apamaneh melu
atur pikurmat asung manembah
kabeh wis njrebabah kalumah-lumah
ndepani kekarepane dhewe donya bubrah
Hanacaraka,
Ana tulisan Jawa kang saya surud ing guna
ciptane Sang Ajisaka saka pangeling-eling
yen tanah Jawa nduweni panguwasa
kanggo pepeling mring para duta
uga para carakane Sang Aji
padha sampyuh ndepani tugas saka bendarane
Hanacaraka,
iku mung gurit cekak
gawe guyune ngakak
mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010
penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar