dening Rusdi Ngarpan Suryapati
Ing pinggiring bengawan silugonggo
aku lungguh ijen ndeleng banyu lerap-lerap
gawe mirise atiku kang tansah nduweni pangangen
kapan aku bisa nyabrang tekan sisih wetan
kapan aku bisa sapatemon karo kenya wetan kali
kapan aku bisa nyawang kanthi esem manis
nganti saiki durung bisa kelakon
Ing pinggiring bengawan silugonggo
aku tansah ngenam pangangen ing ati
mbesuk ana cukrik nyabrang wetan kali
aku arep melu, nonton gebyaring keramean
melu ngrasakake kanikmatane urip ing donya
sarwa kecukupan sandhang pangan lan papan
urip tentrem ora kemrungsung kaya ing kene
Ing pinggiring bengawan silugonggo
dakwaspadakake saben dina tansah ngegla
gegambaran kemajuaning pembangunan
wewangunan sarwa endah gumebyar
katon sumunar nalika tumeka fajar
katon kencar-kencar nalikane purnana
mendah senenge yen aku bisa urip ing kana
Ing pinggiring bengawan silugonggo
katon reregemeng wewayangan ireng
krombal krambul ing banyu kaya kayu
kentir nuju kedung kang ujare jero
arak-arakan cat katon cat ora
nalikane tekan kedung ing bengawan
wewayangan mau ilang tanpa lari
ing ngendi wewayangan akeh mau
apa sejatine kang bakal dumadi?
Mantingantengah-jakenan-pati, 4 Februari 2010
Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati
Tidak ada komentar:
Posting Komentar