Minggu, 14 Februari 2010

ALUN ALUN REMBANG


dening Rusdi ngarpan Suryapati


pating krelip lintang ing tawang kutha rembang
mung katon adoh nggantung ing langit
madhangi dalan-dalan tumuju alun-alun kutha
ngajak para mudha padha suka-suka
jejogedan kaya ula ninggal tata krama
ora idep yen disawang dening wong tuwane
kabeh mung seneng merga jogede biduwan ing panggung
lagi nggelar egoling bokong bahenol
lagi ngentrok-ngentrok susu sing gemandhul
katon yen mung awer-awer barang wadhi
ora preduli kanggo senenging ati

nalikane wayah sangsaya dalu
akeh para mudha kang ora maelu
nyenggol mrana nabrak mrene
mung supaya bisa nubruk mungsuhe
ben dadi pasulayan preang padha bangsane
ra preduli sing mati dulur dhewe
nalikane wengi saya tambah sepi
para we te es tawa-tawa
dhadha menthok tahu susur pupu gendhing
kanggo anget-anget ing wayah sepi nyenyet
ora maelu apa sing dadi karep
betheke mung nuruti esem manis
ing alun-alun rembang kabeh bentayangan
golek kekarepane dhewe tanpa rewang
abang ireng panguripan kaya ing jagad wayang
sing dadi dalang????

mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

Tidak ada komentar:

Posting Komentar