Minggu, 14 Februari 2010
ING TAMAN KARTINI
dening Rusdi Ngarpan Suryapati
ing taman kartini
atiku tansah kelingan lelakon jaman kawuri
kenya asal mayong kutha jepara iki
tansah nambet ing ati ngajarake harga dhiri
tepa tuladhane panthes tiniru dening para putri
ora ewuh ora kengguh kabeh diadhepi
kanthi sedih lan perihing ati
ing taman kartini
netraku tansah golek sesawangan kang endah
godhong-godhong katon ijo royo-royo
hawa adem kanthi siliring angin
mendah seneng en aku bisa sapejagong
omong lan ngrembug kahanane kaum putri
bener lan orane maju lan mundure gagasan
kang awujud surat-surat mau
tumrap para mudha lan remaja putriing jaman kamardikan iki
ing taman kartini
dakimpi aku bisa ketemu raden Ayu
ngenam gagasan ngrakit ukara dadi gurit
kanggo pangeling-eling lelakon kang dumadi
aja nganthi lali lan ilang saka bumi pertiwi
ing taman kartini
dakangen aku bisa nyawang kahanan semana
melu krembyah nyathet lelakon kanggo anakku
yen ing bumi iki ana kenya sulistya ing warna
nduweni gagasan kanggo ajuning ibu pertiwi
ing taman kartini, sliramu dakenteni
mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010
penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar