Minggu, 14 Februari 2010
ANAK LANANG
dening Rusdi Ngarpan Suryapati
Anakku,
cah bagus ing gendhonganing biyunge
aja rewel aja nangis wae
ing wayah ndalu turu
angler ora ngilir merga reridu
swarane jangkrik mecahake sepining kahanan
swarane tekek sing kena dietung
ganjil lan ganep paring tanda
wayah ndalu wis suwe lumaku
Anakku,
cah gantheng lanang dhewe
aja ngompol terus ing wayah udan kaya ngene
mesakake bapak ibumu yen esuk
kudu umbah-umbah popok kanggo gantine
awan mengko kang ora mesthi garing
lha kanggo gantine kuwi sing ora akeh
mengkone rak sliramu to sing kadhemen
Anakku,
anak lanang pembareping atmaja
dadia kaya dharmakusuma ya puntadewa
ing lakon wewayangan kae
dadi pangarepe kadang pandhawa
sing cacahe lima putra pandudewanata
paring tuladha mring adhi-adri sira
laku utama kaya wewarah eyang pinisepuh
ora lirwa saka paugeraning agama
Anakku,
anak lanang sing pinter gedhe pideksa
dadia kaya werkudara ya bratasena
mrantasi samubarang gawe kang tinugasake
ora nulak prentah saka guru nadyan rekasa
ning dadi lan pintere sira
kaya sena ngupadi tirta perwitasari
kaya sena ing lakon bale sigala-gala
ngluwarake kulawarga saka bebaya
adhedasar agama kang pinercaya
Anakku, anak lanang kang bagus kaya janaka
ora gemagus nadyan dadi lelananging jagad
ora gumedhe nadyan kinasih dening dewata
ora wedhi ing medan paprangan kurusetra
paprangan antarane nafsu angkara lan laku utama
tetep dadia janaka ya permadi
mrantasi kabeh gawe nganggo panah cakra
mrantasi gawe ing alam donya
golek padhange panguripan ing donya
ngupadi surga kanthi tumindhak kang utama
Anakku,
anak lanang kang anteng lan kalem
aja grusa grusu kaya dursasana
alon-alon waton kelakon panjangkane
kaya lakune nakula lan sadewa
Anakku, mlakua kanthi paugeran kang keker
ora mingkur ing godha lan reridu
agemen jiat kalimasadha
piyandele pengareping pandhawa
ya puntadewa uga darmakusuma
kang para walisanga ing tanah jawa
atur pepeling yen jimat kalimasadha satemene
jimat kuwi aji-ajine umat
kalimasadha iku kalimat sahadat
ashadu alaillahailallah
wa ashadu anna muhammadar rasulullah
Anakku,
anak lanang impening para wong tuwa
bisaa mikul dhuwur mendhem jero
ngluhurake asma bapa lan biyung
golekana sabda rahayu
merga ora gampang wong urip ing alam donya
adhedasar agama pinercaya
selawase urip nganthi jroning pati
Anakku,
elingana piweling bapakmu iki.
(kanggo anakku lanang EUREKA NABIIL RUSDI
kang lair ing magersari rembang 26 Oktober 2006)
mantingantengah jakenan pati, 3 April 2007
Nama penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar