Minggu, 14 Februari 2010

KEBERANIAN


dening Khalil Gibran


keberanian iku sawijining gunung agni
winih rasa ragu-ragu ora bisa urip ing tengahe
nanging lara lapane urip iku luwih mulya
tinimbang ngurung awakmu ing sepining donya
ngenget sing kejet-kejet ing kiwa tengene geni
nganthi mati iku luwih ngagumake tinimbang
tikus lemah sing urip njero luwengan

pengirim: Rusdi Ngarpan Suryapati

SENI BANGSA-BANGSA


dening Khalil Gibran


seni wong mesir iku ing ramalan
seni wong khaldik iku ing petungan
seni wong yunani iku ing bandingan
seni wong romawi iku ing gema
seni wong cina iku ing tata cara
seni wong hindu iku ing tetimbangan apik lan elek
seni wong yahudi ing rasa pesimis
seni wong arab ing pengetan masa kapungkur lan kaluwihane
seni wong persia iku ing babagan kerapian
seni wong perancis ing kecermatane
seni wong inggris ing analisis lan rasa benere dhewe
seni wong spanyol ing njero fanatisme
seni wong itali ing njero kaendahan
seni wong jerman ing njero ambisi
seni wong rusia ing njero kesedihane

Pengirim: Rusdi Ngarpan Suryapati

BANGSA SING CILAKA


dening Khalil Gibran

cilaka bangsa sing lunga saka agama
tumuju kapercayan, saka lurung desa nuju lurung kutha
saka sifate bijaksana tumuju logika utawa nalar

cilaka bangsa sing ora nggawe barang sing dienggo
uga ora nandur apa sing dipangan
lan ora meres woh anggur sing diombe

cilaka bangsa taklukan sing mandheng ramene
bangsa penjajah kanthi kasampurnan ing kebajikan
lan eleke dianggep dadi kaendahan

cilaka bangsa sing merangi angkara murka
ing njero pangimpene naging nyerah mring kadurjanan
nalika tangi

cilaka bangsa sing ora sora kejaba wektu penguburan
sing amung nuduhake pakurmatan ing kuburan
sing lagi brontak yen gulu wis ditempeli pedang

cilaka bangsa sing politike tipu daya
sing filsafate sulapan lan gaweyane tambal sulam

cilaka bangsa sing nyambut penjajah
nganggo suling lan kendhang
terus nyingkirake bangsa mau kanthi nyambut
penjajah liyane nganggo trompet lan lelagon

cilaka bangsa sing para cendekiawane bisu
sing juwarane wuta lang penasehate tukang umuk

cilaka bangsa sing saben sukune nganggep dadi bangsa.

Pengirim: Rusdi Ngarpan Suryapati

WENEHI AKU SULING


dening Khalil Gibran


wenehi aku suling lan ayo nyanyi
lakeake wae sing kita ucapke
omongan mung titik-titik pelangi
kisahke wae kabagyanmu

apa wis tau lunga nyang alas
urip ing kana ninggalake istana
nurut kali kang jero
munggah gunung sadawaning laku

apa sira tau adus wewangen
garingke awak ing sunaring cahya
apa sira tau nyucup anggur fajar
saka piala surga kang sumunar

apa sira tau turu ing surup srengenge
kaya aku ing ngisor wit anggur
kebak anggur kang gumantung
abang mateng nyengsemake

apa kowe tau turu ing suketan
selimute langit kang jembar
ora bingung bab masa tembene
lan nglalekake masa kapungkur

krasa apa ora yen wengi sing wening iki
kaya ombak ing segara ing sirahmu
yen dada ngleremake wengi
ati iki nratap ing wayah turu

wenehi aku suling lan ayo nyanyi
lalekke kabeh obat lan penyakit
manungsa kaya larik kang tinulis
ing nduwure kali-kali cilik

apa apike coba critakna
sikut-sikutan ing panguripan
ing tengahe gemuruhe tukar padu
protes lan padudon terus

turu ing petengan kaya tikus lemah
ngranggeh tali omahe kala mangga
mesthine gagal terus ing njero kekarepan
nganthi urip ketemu pati.

Nama penngirim: Rusdi Ngarpan Suryapati

KEKALAHAN


dening Khalil Gibran


kekalahan, kekalahanku, aku dhewe lan adoh
luwih daksenengi tinimbang sewu kemenangan
lan luwih manis ing atiku tinimbang megahing ndonya

kekalahan, kekalahanku, pengalaman awakku lan tantanganku
aku dadi ngerti yen isih taruna lan tangkas
lan ora keprangkap ing kembanging kamenangan sing wiwit alum
lan ing njeroning atiku aku nemoni kahanan dhewekan
lan kabagyan merga didohi lan diina

kekalahan, kekalahanku, pedang lan tameng sing kilat cahyane
ing njero matamu aku wis maca
yen dirajakake iku diperbudak
lan dingerteni iku diina
lan diranggeh ora liya kanggo nyenengake dhiri
kaya woh-wohan sing wis mateng gageyan tiba lan dipangan

kekalahan, kekalahanku, kancaku sing wani
sira krungu lagu-laguku, tangisan-tangisanku lan bisuku
ora ana wong liya kejaba sira sing ngomong karo aku
babagan kepakane swiwi lan deru ombak segara
lan gunung sing kobongan ing tengah wengi
dene aku dhewe arep munggah ing jiwaku kang jero lan akeh watune

kekalahan, kekalahanku, rasa waniku sing ora kenal mati
kowe lan aku ngguyu bebarengan topas
bebarengan nduduk kuburan kanggo mati ing dhiri
lan kita ngadeg ing sinare srengenge kanthi siji kekarepan
kita mbebayani

pengirim: Rusdi Ngarpan Suryapati

PINGGIR BENGAWAN


dening Rusdi Ngarpan Suryapati

Ing pinggiring bengawan silugonggo
aku lungguh ijen ndeleng banyu lerap-lerap
gawe mirise atiku kang tansah nduweni pangangen
kapan aku bisa nyabrang tekan sisih wetan
kapan aku bisa sapatemon karo kenya wetan kali
kapan aku bisa nyawang kanthi esem manis
nganti saiki durung bisa kelakon

Ing pinggiring bengawan silugonggo
aku tansah ngenam pangangen ing ati
mbesuk ana cukrik nyabrang wetan kali
aku arep melu, nonton gebyaring keramean
melu ngrasakake kanikmatane urip ing donya
sarwa kecukupan sandhang pangan lan papan
urip tentrem ora kemrungsung kaya ing kene

Ing pinggiring bengawan silugonggo
dakwaspadakake saben dina tansah ngegla
gegambaran kemajuaning pembangunan
wewangunan sarwa endah gumebyar
katon sumunar nalika tumeka fajar
katon kencar-kencar nalikane purnana
mendah senenge yen aku bisa urip ing kana

Ing pinggiring bengawan silugonggo
katon reregemeng wewayangan ireng
krombal krambul ing banyu kaya kayu
kentir nuju kedung kang ujare jero
arak-arakan cat katon cat ora
nalikane tekan kedung ing bengawan
wewayangan mau ilang tanpa lari
ing ngendi wewayangan akeh mau
apa sejatine kang bakal dumadi?

Mantingantengah-jakenan-pati, 4 Februari 2010

Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

ING NGENDI


dening Rusdi Ngarpan Suryapati

Ing ngendi dununge bener
kabeh pada ngakoni dheweke bener
nurut kekarepane kaya ombak segara
pecah ing gisik nyempyok pasir tharik-tharik

Ing ngendi dununge kabagyan
nalikane sing sugih saya numpuk bandha bandhu
nalikane sing kuwasa kaya edan nggone nguwasani
dene sing mlarat saya kesrakat
olehe urip kaya-kaya manuk kelangan swiwi
ora bisa obah golek panguripan

Ing ngendi dununge adil
nalikane hakim jaksa padha nampa upeti
nalikane para petugas saya ora nggagas
salah direwangi dadi bener
bener didadekake wong salah
bebasan kontul denunekake dhandhang
dhandhang den unekake kontul
sing serong magrong-magrong
sing jujur sangsaya ajur mumur
wong nganggo dasi saya korupsi
nggone ngapusi saya ndadi
ora bakal diukum merga asok upeti
beda yen gawane arit mlakune sikil
ora ngerti perkarane mlebu bui
marga ora bisa aung upeti

ing ngendi dununge adil?
ditunggu wae nalika mati.

Mantingantengah-jakenan-pati, 2 Februari 2010

Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

CIDRA


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


pancen sira ora ngaku ing kahanan
janji kang wis diucapake wis suwe
lali kabeh kang wis kelakon
ora ana sisa-sisane kasetyan kaya semana
sira wis lali karo janji
sira wis ora prasetya ing ati
kabeh wis sirna saka lathi
cidra wis dadi budhaya
cidra wis ora ana bebaya
cidra wis kelakon gawe gendra
ing kahanan urip iki.

mantingantengah-jakenan-pati, 14 Februari 2010

Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

GURIT KANGGO DHIAJENG


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


mecaki dalan-dalan gunung wayah wengi
krasa atis lan adhem njekut nyusup tekan balung
swara jangkrik lan bajang kerek nambahi singup ing kahanan
nggawa ati semplah awak sayah pikiran kalah
ora menang tandhing yudha klawan kahanan
saya suwe saya lungkrah kaya sarah
reregedan kang ora kanggo katut ilining banjir
kaya atiku dak gawa mlaku mecaki wektu
lara lapane nandhang branta keranta-ranta

daktulis gurit isi pangrasas sedih ing ati
mung kanggo ngilangi laraning ati
ngilangi aboting pikir najan ora kabeh
dak suntak gagasan supaya ora angluh
muga nduweni daya kanggo urip maneh
mecaki dalan-dalan sepi kanggo nenepi
golek rahmating Gusti Kang Maha Suci.

Mantingantengah-jakenan-pati, 14 Februari 2010

Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

TEMBANG BUMI MANTINGAN


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


Bumi mantingan tansah dadi tetembangan

jarene montang-manting anggone golek pangan

golek kamulyan ing panguripan

Bumi mantingan ana ing ngendi-ngendi papan panggonan

tansah ana crita lan tetembangan

saka ngendi crita dumadi ora ana sing ngerti

anane mung rebut bener lan kuwasa


Jepara kutha kabupatene, Kalinyamat ratu kawentare

Mantingan bumi kelairan bumi titisan

ing kene putri titisane sang Ratu lair

nantang adat kanggo ajuning para wanita

ora nganggo atosing balung uleting kulit

nanging amung manganggo pena kang tinulis

mbabar layang-layang pangarepan kermajuan

ilanging pepetheng mletheking pepadhang


Rembang kutha dadipatene, Dyah Ayu Indu tetunggule

nadyan ayu sulistya ing warna tanpa pepindhan

tansah rumaket mring abdi lan kawula

mulang wuruk maneka cara kanggo putra putri

tansah mikirake kemajuane kaum bangsane

Mantingan bumi pekuburan bumine wong bali

ing kene sang Raden Ayu tinimbalan sinarekake

ngadhep asmane Gusti Kang Akarya Jagad

ninggal pepadhange donya merga seda kunduran

nisan lan makam dadi jujugan penziarahan

nalikane mengeti dina kelairan

Bumi mantingan ntansah dadi pocapan


Ing Ngawi dalan gedhe mlebu kuitha

mbiyen alas gung liwang-liwung

binabat dadi desa Mantingan kang sangsaya rame

padha kaya mantingan liyane, ing Rembang lan Jepara

Bumi Mantingan bumi kelairan

Eyang Sekodan paring piweling mring putu wayah

gonjang-ganjing bumi mantingan bubrah desa anjrah


Nalikane mlaku tekan Juwana ngidul tekan Jakenan

Mantingantengah arane desa kelairan desa warisan

ing kana leluhure desa-desa mau madeg

lair lan karanta-ranmta golek srana

kanggo ngilangake pageblug jaman samana

Eyang Zakaria tindak mengetan tekan Jaken

banjur madeg desa babat alas sakidule Kolutan

Mantingan wetan ujare para sesepuhe

Durung rampung srana durung ketemu

mlaku ngetan tekan Ngawi, bali mungah kaji

adeg desa ing laladan Rembang

banjur lunga liwat Jepara budhal menyang Mekah


Bumi Mantingan bumi kinasih bumi kelairan

ing ngendi ana aku ing kana ana desa

mbok menawa ngono ujare sesepuh jaman biyen

kanggo pangeling-eling Ki Ageng Mantingan

Bumi Mantingan tansah dadi tetembangan

dudu Rembang dudu Jepara uga ora Ngawi

ing kene aku madeg saka desa kelairan

manggon ing tengah-tengahing desa mantingan

ing kene aku lair ing kene aku sinau

mantingan tengah iku desa tetembanganku

bumi mantingan muga tansah dadi tembang katresnan.


Penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

ING BIS WENGI


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


ing bis wengi jurusan Jakarta-Pati
aku turu kepati ngawa ati
semplah merga sayah lan sesambungan bubrah
katresnan jugar ajur sawalang-walang
amung marga bedaning pepenginan

ing bis wengi saka Jakarta tumuju Pati
atiku rinujit perih tanpa umpama
kekasih mingat lunga karo priya liya
wusana aku mulih ing desa
saperlu ngilangake rasa lara ing ati
tentrem lan katrem ing pepenginan
mugi bisa golek ganthine liya

ing bis wengi saka Jakarta teka Pati
daklalekake lelakon kang wus kawuri
urip ing kutha prasasat nggaduh ati
mrana-mrene tansah sumelang ing pikir
bocah-bocah kencur wis padha mlipir
ora rumangsa yen urip kanthi ati samenir

ing bis wengi jurusan Jakarta-Pati
aku turu kepati nganthi lali
purwaduksina kanggo manungsa lumrah
rasane awak iku sangsaya lungkrah
tas dakdudah isine dakungkrah-ungkrah
aku ngguyu lakak-lakak kaya diyu
jarena pikiranku wis ora nggenah
ngguyu dhewe mring lelakoning uripku

mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

ALUN ALUN REMBANG


dening Rusdi ngarpan Suryapati


pating krelip lintang ing tawang kutha rembang
mung katon adoh nggantung ing langit
madhangi dalan-dalan tumuju alun-alun kutha
ngajak para mudha padha suka-suka
jejogedan kaya ula ninggal tata krama
ora idep yen disawang dening wong tuwane
kabeh mung seneng merga jogede biduwan ing panggung
lagi nggelar egoling bokong bahenol
lagi ngentrok-ngentrok susu sing gemandhul
katon yen mung awer-awer barang wadhi
ora preduli kanggo senenging ati

nalikane wayah sangsaya dalu
akeh para mudha kang ora maelu
nyenggol mrana nabrak mrene
mung supaya bisa nubruk mungsuhe
ben dadi pasulayan preang padha bangsane
ra preduli sing mati dulur dhewe
nalikane wengi saya tambah sepi
para we te es tawa-tawa
dhadha menthok tahu susur pupu gendhing
kanggo anget-anget ing wayah sepi nyenyet
ora maelu apa sing dadi karep
betheke mung nuruti esem manis
ing alun-alun rembang kabeh bentayangan
golek kekarepane dhewe tanpa rewang
abang ireng panguripan kaya ing jagad wayang
sing dadi dalang????

mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

GURIT CEKAK KANGGO DHIAJENG


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


daktulis geguritan cekak kanggo sliramu, Dhiajeng
pangeling-eling lelakonkawuri
tansah cumanthel ing ati iki
nora bisa ilang nadyan kasempyok angin segara
ora bisa musna nadyan kagempur ombak segara
kagawa banjir bandang uga ora bisa ilang

daktulis geguritan cekak kanggo wong ayu
tanda katresnan kang nate denalami
bebarengan ngenam endahing panguripan
nganyam klasa gumelar atur pambagya
urip sesarengan mecaki alam bebrayan

daktulis geguritan cekak kanggo sira, Dhiajeng
kanggo pepeling lelakon kang wus dumadi
urip reruntungan nadyan ora oleh pangestu
urip kumpul nduwe putra nadyan ora ana talining agama
anane mung asmara njiret lakune bagaskara
mecaki dina rina lan wengi
tansah ngrerujit ati
lara lapa tanpa bapa

daktulis geguritan cekak kanggo sira, Dhiajeng
kango pepisahing urip kasangsara
dalan kang kita lakoni dudu dalaning panguripan mulya
anane mung nelangsa lan neraka
tanpa ana surga lan kencana

daktulis geguritan cekak kanggomu, Dhiajeng
muga bisa dadi dalaning kamulyanira
bebarengan karo sisihanmu mecaki alan donya
dudu dalan nista kebak kasangsaran

mantingantengah-jakenan-pati, 25januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

HANACARAKA


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


Hanacaraka,
Ana wong ora preduli mring kahanan uripe
senenge wong golek-golek rekadaya
gawe wirange lan rekasaning liyan
ora preduli kuwi tangga apa kadang
kabeh keblithuk kudu melu tandang
yen ora enggal-enggala kendhang

Hanacaraka,
Nadyan uripe wis mubra-mubru
ora kurang dhuwit sandang lan pangan
isih awe golek kang ora kalal
tumrap agama lan panguripan
malah drajat pangkat lan semat
bisa diregem kanthi dhuwit akehe ora mekakat
lha dalah uripe wong cilik saya kesrakat

Hanacaraka,
Cacat ora masalah
sing penting wani pratingkah
ngalor-ngidul adol umuk adol swara karo kojah
jare bisa ngono-ngene
modhale mung udhu lambe
jare eyang kuwi blanthik gaweyane

Hanacaraka,
Rakyat denumbar mangan apa ora
dudu urusane sing penting bisa numpuk bandha
donya saakehe kanggo pitung turunan
ra preduli mring liyan saya kesrakat
mumpung kuwasa kabeh disikat

Hanacaraka,
Katrem ing pangimpen urip mulya samubarang ana
ora preduli mring agama kabeh wis sirna
saka ati saiki wis saya drengki
saka lathi saiki wis tambah kemlinthi
adigang adigung lan adiguna
sapa sira sapa ingsun

Hanacaraka,
Ana utusan saka Allah mring umate
supaya melu ngrungkepi ajaran saka Gusti
manembah ing ngarsane Sang Maha Wikan
kareben oleh rahmat lan pitulungan
urip slamet mulya donya lan akherat
oleh swarga dudu neraka kang panas keliwat

Hanacaraka
Ana utusan nggawa bebener saka Allah
nanging ora direwes babar blas
tan ana kang maelu apamaneh melu
atur pikurmat asung manembah
kabeh wis njrebabah kalumah-lumah
ndepani kekarepane dhewe donya bubrah

Hanacaraka,
Ana tulisan Jawa kang saya surud ing guna
ciptane Sang Ajisaka saka pangeling-eling
yen tanah Jawa nduweni panguwasa
kanggo pepeling mring para duta
uga para carakane Sang Aji
padha sampyuh ndepani tugas saka bendarane

Hanacaraka,
iku mung gurit cekak
gawe guyune ngakak

mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

ING TAMAN KARTINI


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


ing taman kartini
atiku tansah kelingan lelakon jaman kawuri
kenya asal mayong kutha jepara iki
tansah nambet ing ati ngajarake harga dhiri
tepa tuladhane panthes tiniru dening para putri
ora ewuh ora kengguh kabeh diadhepi
kanthi sedih lan perihing ati

ing taman kartini
netraku tansah golek sesawangan kang endah
godhong-godhong katon ijo royo-royo
hawa adem kanthi siliring angin
mendah seneng en aku bisa sapejagong
omong lan ngrembug kahanane kaum putri
bener lan orane maju lan mundure gagasan
kang awujud surat-surat mau
tumrap para mudha lan remaja putriing jaman kamardikan iki

ing taman kartini
dakimpi aku bisa ketemu raden Ayu
ngenam gagasan ngrakit ukara dadi gurit
kanggo pangeling-eling lelakon kang dumadi
aja nganthi lali lan ilang saka bumi pertiwi

ing taman kartini
dakangen aku bisa nyawang kahanan semana
melu krembyah nyathet lelakon kanggo anakku
yen ing bumi iki ana kenya sulistya ing warna
nduweni gagasan kanggo ajuning ibu pertiwi
ing taman kartini, sliramu dakenteni

mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

ING TASIK AGUNG


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


ing tasikagung atiku tansah kumalungkung
weruh teka lungane kadang misaya mina
golek urip lan panguripan kaya aku uku raja
bisa kongkonan lan mrentah mring andhahan
kanthi degsiya daklakoni kabeh iku

ing tasikagug atiku tansah keduwung
katresnanku wus ilang anane mung kemrungsung
amarga dhiajeng novi keblandhang dhuwung
dadi atiku tansah suwung
kaya alas gung liwang-liwung
jalma mara jalma mati
tresna ing ati kobong dening geni
asmara kebat nanging kliwat
ora kecanthol kawat talining tresna

ing tasikagung aku tansah nandhang wuyung
mring kenya sulistya ing warna
kaya ken dedes dadi pepujaning priya
tansah dadi pengimpen jroning wengi nganthi rahina
tansah tumempel ing lathi esem manis
mencutake wong lanang-lanang pinggir gisik
ujare kandha, wanita ardhaneswari

ing tasikagung daktulis gurit cekak
kanggo kadang mitra lan sanak
yen katresnan kango wong iku dudu tresna sejati
amung lelamisan ing lathi

ing tasikagung atiku tansah bingung
ora ngerti apa kang kudu daklakoni
piye to iki biyung???

mantingantengah-jakenan-pati, 25 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

GELANING ATI


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


ing wayah bengi kaya iki
ati tansah ngeling-eling lelakon kepungkur
ana rasa gela lan kuciwa
nyuwun baline lelakon sadurunge
bali mring kahanan urip kang sarwa enak kepenak
ora ngalami coba kaya saiki

ing antarane eling lan ora
aku tansah nurut jantraning lelakon
kekasih kang banget daktresnani
daktohi pati jebul mung kaya ngono
ora pangling ing pandeleng mripat loro
sira tega lan yekti anglakoni tumindhak
sasar kesasar ing donyaning panguripan

mbiyen aku oleh kekasih kang banget tresna
daktinggal mung nglabuhi kesenenganing ati
daktohi pati aku lunga nutut ing lakunira
bali menyang Jawa dakkira ing pangangen
aku bakal uri mulya
cepak sandhang lan pangan
urip kebak kamulyan
sih kinasihan salaminya

ananging, saiki sira malih tingal
lali purwadaksina ninggalake aku ijen
njur aku mung bisa nggawa gelaning ati
ing ngendi panggonan tansah gela kang cumanthel
tan ana liya mung nunggu tekamu

mantingantengah-jakenan-pati, 12 januari 2010

penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

ANAK LANANG


dening Rusdi Ngarpan Suryapati


Anakku,
cah bagus ing gendhonganing biyunge
aja rewel aja nangis wae
ing wayah ndalu turu
angler ora ngilir merga reridu
swarane jangkrik mecahake sepining kahanan
swarane tekek sing kena dietung
ganjil lan ganep paring tanda
wayah ndalu wis suwe lumaku

Anakku,
cah gantheng lanang dhewe
aja ngompol terus ing wayah udan kaya ngene
mesakake bapak ibumu yen esuk
kudu umbah-umbah popok kanggo gantine
awan mengko kang ora mesthi garing
lha kanggo gantine kuwi sing ora akeh
mengkone rak sliramu to sing kadhemen

Anakku,
anak lanang pembareping atmaja
dadia kaya dharmakusuma ya puntadewa
ing lakon wewayangan kae
dadi pangarepe kadang pandhawa
sing cacahe lima putra pandudewanata
paring tuladha mring adhi-adri sira
laku utama kaya wewarah eyang pinisepuh
ora lirwa saka paugeraning agama

Anakku,
anak lanang sing pinter gedhe pideksa
dadia kaya werkudara ya bratasena
mrantasi samubarang gawe kang tinugasake
ora nulak prentah saka guru nadyan rekasa
ning dadi lan pintere sira
kaya sena ngupadi tirta perwitasari
kaya sena ing lakon bale sigala-gala
ngluwarake kulawarga saka bebaya
adhedasar agama kang pinercaya

Anakku, anak lanang kang bagus kaya janaka
ora gemagus nadyan dadi lelananging jagad
ora gumedhe nadyan kinasih dening dewata
ora wedhi ing medan paprangan kurusetra
paprangan antarane nafsu angkara lan laku utama
tetep dadia janaka ya permadi
mrantasi kabeh gawe nganggo panah cakra
mrantasi gawe ing alam donya
golek padhange panguripan ing donya
ngupadi surga kanthi tumindhak kang utama

Anakku,
anak lanang kang anteng lan kalem
aja grusa grusu kaya dursasana
alon-alon waton kelakon panjangkane
kaya lakune nakula lan sadewa

Anakku, mlakua kanthi paugeran kang keker
ora mingkur ing godha lan reridu
agemen jiat kalimasadha
piyandele pengareping pandhawa
ya puntadewa uga darmakusuma
kang para walisanga ing tanah jawa
atur pepeling yen jimat kalimasadha satemene
jimat kuwi aji-ajine umat
kalimasadha iku kalimat sahadat
ashadu alaillahailallah
wa ashadu anna muhammadar rasulullah

Anakku,
anak lanang impening para wong tuwa
bisaa mikul dhuwur mendhem jero
ngluhurake asma bapa lan biyung
golekana sabda rahayu
merga ora gampang wong urip ing alam donya
adhedasar agama pinercaya
selawase urip nganthi jroning pati

Anakku,
elingana piweling bapakmu iki.

(kanggo anakku lanang EUREKA NABIIL RUSDI
kang lair ing magersari rembang 26 Oktober 2006)

mantingantengah jakenan pati, 3 April 2007

Nama penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

LANGITE IRENG

dening Rusdi Ngarpan Suryapati

Tak ingeti wae langite ireng
cumlorot sunar werna putih kemilau
madangi langit sing ireng sedhela wae
tak ingeti wae langite isih ireng
cumlorot sunare warna kuning kaya emas
ndhadhekake langite padhang sawetara

tak ingeti wae langite tetep ireng
kumresek ngeses swarane angin
kaya-kaya ngusek ati mbisikake swara ing talingan iki
tak ingeti wae langite isih ireng
tak rungu swarane gendhing siling saka pring
mecahake sepine kahanan wayah wengi
kaya-kaya nggugah atiku sing lagi linglung
ben ora nyungsep ing swasana bingung

tak ingeti langite kang ireng
tak rasakake adheme swasana wengi
sing ngrungsek lan mandgegake nadiku
ngendhegake ilining getih ing awak iki

tak ingeti wae langite ireng
ndhadheake awak kaku
nglerepake detak ing jantung
ngendhegake mlakune napas
lan ninggalake kabeh kekarepanku
ninggalake samubarang cita lan katresnanku
tak ingeti wae langite tetep ireng.

Jaken, Maret 2007

Nama penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati

AMPUNANA DOSAKU, GUSTI

dening Rusdi Ngarpan Suryapati

Tak lakokake sikilku iki ing sangisore lampu ibukota
tak iderake esem iki kanggo para mudha taruna
nanging, aku ora bisa nglawan gejolake jiwa
tak goleki bandha nadyan kanthi cara sing nista
nanging saiki wis tak sadari
tak resepi ing ilining luh mripat
tak angkat tangan loro iki mring Gusti
njaluk ampunan lan ridhane Sang Maha Wicaksana

Aku kejiret talining donya sing rusak
bareng ngrasakake dosa lan duhkita
aku pancen ora pantes oleh surganing Gusti
nanging, aku uga ora nduweni daya
kanggo nglawan panase geni neraka

Oh, Gusti Kang Maha Agung
mring Gusti kawula manembah
tak leremake kekarepan nista ing atiku
tak dingklukake sirah iki sujud ing sajadah
tak ucapake donga panyuwun
mring Gusti Murbeng Dumadi

Ampunana dosa-dosaku Gusti
nganti tumekaning wates wektu arep tak rengkuh
kanggo golek hidayah-Mu.

Jaken, Maret 2007

Nama penulis: Rusdi Ngarpan Suryapati